Astaghfirulloh Robbal baroyaah
Astaghfirulloh Minal Khothoyah
Robbi zithni 'ilmannafii'aa
Wawaffiqni 'Amalaan sholikha
Ya roshulalloh salam mun'alaika
Ya rofi'asyaaniwaddaarojii
'Athfataiyajii rotal'alaami
Ya Uuhailaljudiwalkaromi
Ya Uuhailaljudiwalkaromi
Ngawiti ingsun nglara syi'iran
Kelawan muji pareng pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo pitungan
Rino wengine tanpo pitungan
Duh bolo konco prio wanito
Ojo mung ngaji syare'at bloko
Gur pinter dongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sangsoro
Tembe mburine bakal sangsoro
Akeh kang apal Qur'an Hadist e
Seneng Ngafirkeh marang liyane
Kafir e dewe Ga' di gatekke
Yen isih kotor ati akale
Yen isih kotor ati akale
Gampang kabujuk Nafsu angkoro
Ing pepaese Gebyare ndunyo
Iri lan meri sugi e tonggo
Mulo atine peteng lan Nisto
Mulo atine peteng lan Nisto
Ayo sedulur Jo nglale ake Wajib e ngaji sak pranatane Nggo ngandelake iman Tauhid e Baguse sangu mulyo matine Baguse sangu mulyo matine Kang aran sholeh bagus atine Kerono mapan sari ilmune Laku torekot lan ma'rifate Ugo hakekot manjing rasane Ugo hakekot manjing rasane
Alqur'an kodhim wahyu minulyo Tanpo tinulis iso diwoco Iku wejangan guru waskito Den tancep ake ing njero dodo Den tancep ake ing njero dodo Kumantel ati lan pikiran Mrasuk ing badan kabeh njeroan Mukjizat rosul dadi pedoman Minongko dalan manjing e iman Minongko dalan manjing e iman
Arti judul "Lirik Syiir Tanpa Waton atau Selawat Gus Dur ",Al Fatihah
No comments:
Post a Comment